Numpak Taksi

Muntiyadi mari mulih jogo kiro-kiro jam rolas bengi.
Embong wis suepi, gak onok bemo sing lewat, ojek yo gak onok.
Muntiyadi malih merinding disko opo maneh ketepakan saiki malem Jum'at kliwon.
Mari ngenteni sui, akhire onok taksi liwat, waduh lumayan pikire.

Mari mlebu taksi lungguh ndhik mburi, Muntiyadi terus ngandani supir taksine njaluk diterno mulih nang Wiyung.
Mergo kekeselen, gak sui Muntiyadi langsung keturon pules.

Pas enak-enak turu, Muntiyadi moro-moro keroso taksine kok tambah alon.
Bareng didelok dhadhak supir taksine wis gak onok, tibake montore mlaku dhewe.
Muntiyadi tambah gemeter pas ndhelok tibake taksine lagi ngeliwati kuburan.

Mergo gak kuat nahan wedhi, Mutiyadi bengok-bengok ambek kepuyuh-puyuh "Tolong !!. . .tolong !!".

Moro-moro seko jendelone taksi, onok endhase supir taksi njengongok.

Muntiyadi tambah pucet gak karuan, tibake supir taksine ngomong ngene.
"Hee cak . .ojok turu ae . .Ewangono nyurung, montore mogok iki lho. ."

Related Posts by Categories



Comments (0)